Selasa, 07 Agustus 2018

SADHAR

*SADHAR*
Selasa, 7 Agustus 2018
Pangandharing Torét 8:1-10; Jabur 107:1-3, 33-43; Matéus 19:23-30
*URIP MARGA PANGANDIKANÉ*

_Kowé ngalami keluwèn, banjur diparingi manna, pangan sing
durung tau kokpangan utawa dipangan déning leluhurmu. Srana mengkono Panjenengané nedahaké marang kowé yèn manungsa uripé ora mung srana roti waé, nanging srana samubarang sing dingandikakaké déning Allah.
(Pangandharing Torét 8 : 3)_

Nikmate jagad iki pancén nengsemaké lan ora ana kemaremané. Biyèn mangan thiwul saka téla, saiki bisa mangan sego putih nganggo lawuh pitik sing digoréng. Diwuwuhi sayuran kang akèh banget. Nanging kok tetep waé rumangsane ana kang kurang. Iku amarga durung mangan
aneng restoran kang apik banget. Biyèn gur mlaku waé. Saiki duwé mobil. Nanging isih rumangsa kurang amarga kepingin duwé mobil kang luwih apik. Menawa ora bisa nrima samubarang kang diduwèni, mula ya awaké dhéwé tansah rumangsa kurang waé.

Payo dicoba aneng brayaté dhéwé, supaya bisa ngulinakake dhiri ndedonga lan maca Kitab Suci. Menawa awaké dhéwé bisa ngrasakakee éndahé urip cedhak karo Gusti, sangsaya awaké dhéwé kepingin luwih suwe mapan aneng sacedhaké Gusti. Sangsaya awaké dhéwé kepéngén marem ngrasakaké rawuhé Gusti Allah. Amarga miturut paseksine Pangandharing Torét, umat Israèl uripé ora mung saka roti waé, nanging uga urip marga saka Pangandikané Gusti. Pangandikané Gusti kuwi kang gawe uripé umat Israèl.

Aja mung urip kanthi nengenake bandha kadonyan waé amarga wusanané barang kadonyan iku sirna saka tangané awaké dhéwé. Luwih endah menawa awaké dhéwé gelem nggondhéli Pangandikané Gusti kang langgeng lan gawe slameté awaké dhéwé. |*DKR

Tidak ada komentar:

Posting Komentar