Yen apeme murah entuk?
TA: mas kok ora nulis soal 80jt sak nyukan?
A: ditulis apane?
TA: iku kan ngrusak pekerti?
A: we ladalah...ong si Vanessa iku gur nggolek duit. Dodol barange dhewe, sing tuku yo gelem. Kowe mesti meri iya to? Ora kuat mbayar...haha
TA: yo ora ngono...mbok nyambut gawe liyo. Njenengan kok mbelani lonthe ki piye to mas?
A: Sapa ngerti kanthi mbela entuk gratisan....
TA: wuih...jebule ya pingin...wah wegah aku ngefans njenengan...rusuh, saru...trocoh...
A: sik...sik...guyon ....aku ki ora mbela. Aku ki gur ngajak sing pener. Lha piye coba, VA iku dodolan barange dhewe, ora meksa, ora ono sing dirugeke... salahe apa? Ora nggawa agama, ora ngelek-elek wong liya, ora ngelek-elek pemimpin. Coba salahe apa?
TA: nglanggar kasusilan...
A: dheweke siap nanggung risiko..dadi ora perlu awake dhewe menghakimi
TA: kok ora ditangkap?
A: Ora ono sing dirugeke
TA: ning 80jt kan Isa nggo nyantuni wong mlarat utawa anak yatim tinimbang gur nggo ngono kuwi?
A: terserah sing nduwe dhuwit. Ong dudu dhuwitmu...dudu dhuwite mbahmu...mungkin malah sing tuku kuwi sodaqohe yo luwih akeh....
TA: Ora ditampa amale...Wong reget...
A: ojo sok dadi Gusti Allah....durung mesthi awake dhewe luwih apik...
TA: Dadi apik ya mas dodolan ngono kuwi, kalebu sing tuku?
A: pekokmen kowe ..to le...
TA: lha piye mas?
A: kuwi urusane dheweke....lha yen germo, dodolan PSK kuwi salah....ngrugeke wong liya..bisnis sing nglanggar etika.nggawe lingkungan' dadi kotor...PSK lan sing tuku kuwi pantese dimesake, ora dihujat utawa dibully. Yen gumun ora papa..ing atase gur apem kok regane larangmen...iya ta?
Ning jane awake dhewe ki yo durung mesthi luwih becik lho le. Wong ya akeh sing dodolan ayat kanggo golek dhuwit, apa ora tambah jahat kuwi? ana sing nggunake agama kanggo nggolek kekuasaan. Apa ora luwih hina? Ana koruptor sing omongane ngapusi rakyat, luwih akeh maling dhuwit negara. Kuwi jelas ngrugeke liyan..
TA: oo iya ya....lonthe ming nggolek pangan...lha isohe ming dodol apem...
A: lha kuwi pinter...Dadi rasah emosi, sok suci....biasa wae...kuwi kanggo pepak-pepak jagat...sing penting awake dhewe ora melu-melu tuku apem larang kuwi....
TA: yen murah?
A: lho aja mancing...yo ora entuk... yen nekat risiko ne tanggung dhewe...kabeh kelakuane awake dhewe ana risikone..
TA: dosa ya mas?
A: yen miturutku rasah dijenengke dosa...Amal sing apik ana imbalane, nyang donya Isa dirasake. Semono uga tumindak ala ya ana balesane, nyang ndonya wis Isa dirasake...ati iki ora bakal tentrem....
TA: Dadi ukurane atine dhewe? Ana lho sing tumindak ala nanging ya ketoke happy?
A: Ora...ati kang resik isa ngrasake endi sing gawe tentrem, endi sing gawe ora ayem....endi sing nggawe kemrungsung...Coba rasakno dhewe...piye rasane bar nulung wong liya karo rasane bar ngapusi wong liya....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar