Selasa, 22 Mei 2018

Mati Sahid

""""""""""""""""""""""""""""""""""
*Teroris Mati Bunuh Diri ...*
Dengan Harapan Bisa Mati Sahid sdh Pasti Masuk Surga.

*Kok Enak men Cak. Opo Duwè kenalan wong jero Cak ...?*
Rampung bunuh diri, arwahe sik Mumet aé nggolèki Dalanè suargo kok gak ketemu". Akhire ketemu Malaikat.

*Teroris:* Sempeyan Malaikat ta ...?

*Malaikat:* Iyo, Kowé sopo kok Gosong ngono kuwi ...?                               
                        Teroris: Aku teroris sing mari ngebom wingi.

*Malaikat:*        Lho lapo kok sik mbulet aé nang kenè?

*Teroris:*  Aku nggoleki suargo. Jare Guruku biyen teroris mati Sahid pasti melbu Suargo lan diiring karo Bidadari Ayu".

*Malaikat:* Gurumu saiki opo wis matèk ...? Opo wis mlebu suargo ...?

*Teroris:* Durung, Guruku sik Urip.

*Malaikat:*       Lha kowé Guoblok ngono. Lek teroris wis Jaminan mesti mlebu suargo, lak Gurumu mesti jaluk Mati Ndisik. Makane utekmu iku digawe mikir. Gusti Allah menehi utek iku ben menungso iso mikir sing apik. Lah malah utekmu mbok brèngkès. Wis saiki getun opo gak cak?

*Teroris:* Getun Malaikat.

*Malaikat:* Makane golek Guru kuwi sing Jelas, Sing Bener.  Ojo pokoke wong Jenggoten dowo, Bathuk'é Gosong langsung mbok Percoyo aè dadi Guru. Mulanè Meguru nang Ulama opo Kyai sing Bener" paham Ilmu Agama. Bener" paham Kitab & Maknane.
Meguru kok nang Ustadz Karbitan.

*Teroris:* Lha terus Aku saiki kudu kepiyé Malaikat ...?

*Malaikat:* Ya wis awakmu tak titipno nang Neroko. Sing anteng nang kono yo Ojo di BOM maneeèh yooo ...!!!

🤣🤣🤣😆😆😆😎😎😎

Tidak ada komentar:

Posting Komentar